Vektor Kaligrafi Aksara Jawa: Wayang Punakawan

Sumber gambar Kaligrafi Aksara Jawa Koleksi Museum Sendangmas ku buat versi vektor menggunakan aplikasi coreldraw.
Punakawan: (dari kiri ke kanan) Petruk, Gareng, Semar, Bawor
꧋ꦏꦾꦲꦶꦱꦼꦩꦂ꧉
ꦩꦩꦂꦢꦶꦩꦫꦺꦴꦠꦩꦩꦼꦏꦂꦫꦶꦁ
ꦫꦱꦧꦸꦢꦪꦭꦤꦲꦶꦂꦭꦤ꧀ꦧꦠꦶꦤ꧀
ꦩꦮꦭꦏꦸ꧈ ꦔꦺꦟ꧀ꦝꦤꦶ
ꦏꦁꦭꦸꦥꦸꦠ꧀ꦭꦤ꧀ꦲꦭ
ꦔꦽꦉꦁꦒꦲꦩꦿꦶꦃꦲꦺꦤ꧀ꦢꦃꦲꦶꦁꦏꦲꦤꦤ꧀
Kyai Semar:
Mamardi Marotama Mekaring
Rasa Budaya Lahir Lan Batin
Mawa Laku, Ngendani
Kang Luput Lan Ala
Ngrerengga Mrih Endah Ing Kahanan.

꧋ꦧꦮꦺꦴꦂ꧉
ꦮꦺꦴꦂꦱꦸꦃꦲꦶꦫꦩꦤꦶꦁꦲꦸꦫꦶꦥ꧀
ꦧꦪꦱꦶꦫꦧꦺꦴꦱꦼꦤ꧀ꦩꦂꦱꦸꦢꦶꦧꦼꦕꦶꦏ꧀
ꦧꦭꦶꦏ꧀ꦱꦶꦫꦧꦺꦧꦺꦂꦧꦒꦸꦱ꧀
ꦧꦺꦴꦭꦧꦭꦶꦠꦶꦧꦒꦺꦴꦁ
Bawor :
Wor Suh Iramaning Urip
Baya Sira Bosen Marsudi Becik
Balik Sira Bèbèr Bagus
Bola Bali Tiba Gong.

꧋ꦤꦭꦒꦫꦺꦁ꧉
ꦫꦺꦁꦫꦺꦁꦔꦤꦶꦁꦗꦭ꧀ꦩ
ꦲꦪ꧀ꦮꦥꦶꦱꦤ꧀ꦢꦢꦶꦥꦶꦚ꧀ꦕꦁ
ꦭꦤ꧀ꦕꦺꦏꦺꦴꦤꦶꦁꦒꦿꦲꦶꦠ
ꦥꦤ꧀ꦗꦭ꧀ꦩꦠꦤ꧀ꦏꦼꦤꦏꦶꦤꦶꦫ
Nala Gareng :
Reng-reng Aning Jalma
Aywa Pisan Dadi Pincang
Lan Cekoning Graita
Pan Jalma Tan Kena Kinira.

꧋ꦥꦺꦠꦿꦸꦏ꧀꧉
ꦔꦤ꧀ꦛꦺꦴꦔꦶꦝꦮꦸꦃꦲꦶꦁꦥꦿꦮꦶꦒꦾ
ꦏꦁꦮꦿꦸꦃꦲꦶꦁꦱꦼꦩꦸꦱꦸꦩꦺꦃꦲꦶꦁꦥꦱꦼꦩꦺꦴꦤ꧀
ꦮꦶꦩ꧀ꦧꦸꦃꦭꦸꦮꦼꦱ꧀ꦱꦶꦁꦭꦺꦱꦤ꧀
ꦩꦲꦤꦤꦶꦔꦺꦢꦤ꧀ꦏꦸꦮꦫꦶꦱꦤ꧀
Petruk :
Nganthongi Dawuhing Prawignya
Kang Wruh Ing Semu Sumèhing Pasemon
Wimbuh Luwesing Lèsan
Mahanani Ngèdan Kuwarisan.

2 comments :

  1. Senang sekali melihat masih banyak yg ikut melestarikan kabudayan Jawa.
    Matur nuwun.

    Yogahart.wordpress.com

    ReplyDelete
  2. Matursuwun dadi nambah wawasan njih kulo

    ReplyDelete