Luntur ꦭꦸꦤ꧀ꦠꦸꦂ

No comments :
luntur
Lirik lagu Luntur dengan aksara Jawa

꧁ ꦭꦸꦤ꧀ꦠꦸꦂ ꧂
Luntur

ꦪꦺꦤ꧀ꦭꦸꦤ꧀ꦠꦸꦂꦫꦮꦺꦤ꧀ꦠꦼꦂꦫꦤ꧀ꦤꦺ
Yèn luntura wèntêrané
ꦲꦺꦴꦫꦏꦪꦪꦺꦤ꧀ꦭꦸꦤ꧀ꦠꦸꦂꦠꦽꦱ꧀ꦤꦤꦺ
Ora kaya yèn luntur trêsnané
ꦠꦼꦏꦠꦼꦏꦤꦺꦲꦠꦶꦤꦺ
Têka têkané atiné
ꦏꦪꦏꦪꦩꦸꦁꦱꦏ꧀ꦱꦶꦂꦫꦺꦝꦺꦮꦺ
Kaya-kaya mung sak siré dhèwé
ꦲꦺꦴꦫꦱꦼꦩ꧀ꦧꦢꦧꦶꦪꦺꦤ꧀ꦤꦺ
Ora sêmbada mbiyèné
ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦢꦶꦤꦩꦸꦁꦠꦤ꧀ꦱꦃꦩꦼꦛꦸꦏ꧀ꦏꦺ
Sabên dina mung tansah mêthuké
ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦏꦼꦥꦼꦛꦸꦏ꧀ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦔꦺ
Sabên kêpêthuk têmbungé
ꦲꦁꦉꦉꦥ꧀ꦥꦢꦢꦶꦪꦢꦸꦮꦺꦏꦺ
Angrêrêpa dadiya duwèké
ꦲꦺꦴꦫꦩꦲꦶꦢꦺꦴꦏꦭꦩꦁꦱꦩꦸꦁꦱꦺꦴꦏ꧀ꦒꦮꦺꦒꦼꦭ
Ora maido kala mangsa mung sok gawé gêla
ꦲꦺꦮꦱꦼꦩꦤꦔꦤ꧀ꦠꦶꦧꦶꦱꦲꦁꦭꦸꦤ꧀ꦠꦸꦂꦏꦺꦠꦽꦱ꧀ꦤ
Èwa sêmana nganti bisa anglunturké trêsna
ꦢꦶꦠꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦤꦩꦿꦤꦩꦿꦺꦤꦺ
Ditambakna mrana-mrèné
ꦠꦶꦮꦱ꧀ꦠꦶꦮꦱ꧀ꦢꦼꦢꦮꦭꦫꦤꦺ
Tiwas-tiwas ndêdawa larané
ꦤꦔꦶꦁꦠꦩ꧀ꦧꦱꦼꦗꦠꦶꦤꦺ
Nanging tamba sêjatiné
ꦲꦺꦴꦫꦭꦶꦪꦩꦸꦁꦲꦮꦏ꧀ꦏꦺꦝꦺꦮꦺ
Ora liya mung awaké dhèwé

Lara Branta ꦭꦫꦧꦿꦤ꧀ꦠ

No comments :
lara branta
Lirik lagu Lara Branta dengan aksara Jawa

꧁ ꦭꦫꦧꦿꦤ꧀ꦠ ꧂
Lara Branta

ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦺꦭꦁꦔꦤ꧀ꦩꦿꦶꦁꦱ꧀ꦭꦶꦫꦩꦸꦲꦝꦸꦃ
Yèn kèlingan mring sliramu adhuh
ꦏꦢꦾꦫꦶꦤꦸꦗꦶꦠ꧀ꦲꦠꦶꦏꦸ
Kadya rinujit atiku
ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦁꦠꦤ꧀ꦱꦃꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ꦩꦭꦺꦭ
yèn siang tansah katon malèla
ꦢꦭꦸꦢꦠꦤ꧀ꦧꦶꦱꦤꦺꦤ꧀ꦢꦿ
Dalu datan bisa nèndra
ꦲꦥꦱ꧀ꦭꦶꦫꦩꦸꦮꦶꦱ꧀ꦭꦭꦶꦠꦼꦤꦤ꧀
Apa sliramu wis lali tênan
ꦝꦺꦏ꧀ꦱꦼꦩꦤꦤꦠꦺꦗꦚ꧀ꦗꦶ
Dhèk sêmana naté janji
ꦤꦼꦢꦾꦲꦉꦥ꧀ꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦧꦼꦧꦉꦁꦔꦤ꧀
Nêdya arêp urip bêbarêngan
ꦧꦸꦔꦃꦱꦸꦱꦃꦢꦶꦭꦏꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶ
Bungah susah dilakoni
ꦤꦔꦶꦁꦲꦏꦸꦲꦺꦴꦫꦔꦶꦫ
Nanging aku ora ngira
ꦪꦺꦤ꧀ꦱ꧀ꦭꦶꦫꦩꦸꦧꦏꦭ꧀ꦕꦶꦢꦿ
Yèn sliramu bakal cidra
ꦧꦉꦁꦱꦲꦶꦏꦶꦮꦶꦱ꧀ꦩꦸꦭꦾ
Barêng saiki wis mulya
ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦏꦿꦩ
Banjur krama
ꦲꦺꦴꦫꦔꦁꦒꦺꦴꦏꦤ꧀ꦝꦏꦤ꧀ꦝ
Ora nganggo kandha kandha
ꦮꦶꦱ꧀ꦥꦼꦱ꧀ꦛꦶꦤꦺꦊꦭꦏꦺꦴꦤ꧀ꦏꦸꦲꦝꦸꦃ
Wis pêsthiné lêlakonku adhuh
ꦲꦏꦸꦩꦸꦁꦏꦸꦢꦸꦤꦫꦶꦩ
Aku mung kudu narima
ꦱꦥꦏꦁꦧꦶꦱꦥꦫꦶꦁꦲꦸꦱꦢ
Sapa kang bisa paring usada
ꦒꦺꦴꦤ꧀ꦏꦸꦤꦤ꧀ꦢꦁꦭꦫꦧꦿꦤ꧀ꦠ
Nggonku nandang lara branta

Wuyung ꦮꦸꦪꦸꦁ

No comments :
wuyung
Lirik lagu Wuyung dengan aksara Jawa

꧁ ꦮꦸꦪꦸꦁ ꧂
Wuyung

ꦭꦫꦤꦶꦁꦭꦫ
Laraning lara
ꦲꦺꦴꦫꦏꦪ
Ora kaya
ꦮꦺꦴꦏꦁꦤꦤ꧀ꦢꦁꦮꦸꦪꦸꦁ
Wong kang nandang wuyung
ꦩꦔꦤ꧀ꦫꦱꦺꦴꦪꦤ꧀
Mangan ra doyan
ꦫꦗꦼꦤꦏ꧀ꦢꦺꦴꦭꦤ꧀
Ra jênak dolan
ꦤꦺꦁꦔꦺꦴꦩꦃꦧꦶꦔꦸꦁ
Nèng ngomah bingung
ꦩꦸꦁꦏꦸꦢꦸꦮꦼꦫꦸꦃ
Mung kudu wêruh
ꦮꦺꦴꦠ꧀ꦠꦶꦁꦲꦠꦶ
Woting ati
ꦝꦸꦃꦏꦼꦱꦸꦩꦲꦪꦸ
Dhuh kêsuma ayu
ꦲꦥꦫꦠꦽꦚꦸꦃ
Apa ra trênyuh
ꦱꦮꦔꦼꦤ꧀ꦲꦶꦏꦶ
Sawangên iki
ꦲꦮꦏ꧀ꦏꦸꦱꦶꦁꦠꦸꦫꦸ
Awakku sing kuru
ꦏ꧀ꦭꦥꦩꦸꦝ ꦊꦒꦤ꧀ꦤꦤ
Klapa mudha Lêganana
ꦲꦁꦒꦺꦴꦤ꧀ꦏꦸꦤꦤ꧀ꦢꦁꦧꦿꦤ꧀ꦠ
Nggonku nandang branta
ꦮꦶꦠꦶꦁꦥꦫꦶ ꦢꦶꦩꦺꦤ꧀ꦩꦫꦶ
Witing pari dimèn mari
ꦲꦁꦒꦺꦴꦤ꧀ꦏꦸꦭꦫꦲꦠꦶ
Nggonku lara ati
ꦲꦝꦸꦃꦚꦮ
Adhuh nyawa
ꦝꦸꦃꦝꦸꦃꦏꦼꦱꦸꦩ
Dhuh dhuh kêsuma
ꦥꦫꦏꦿꦱ
Pa ra krasa
ꦲꦥꦥꦚ꧀ꦕꦺꦤ꧀ꦠꦺꦒ
Apa pancèn tèga
ꦧꦺꦴꦏ꧀ꦧꦭꦸꦁꦗꦤꦸꦂ
Mbok mbalung janur
ꦥꦫꦶꦁꦲꦸꦱꦢ
Paring usada
ꦩꦿꦶꦁꦏꦁꦤꦤ꧀ꦢꦁꦮꦸꦪꦸꦁ
Mring kang nandang wuyung.

Lungiting Asmara ꦭꦸꦔꦶꦠ꧀ꦠꦶꦁꦲꦱ꧀ꦩꦫ

No comments :
lungiting asmoro
Lirik lagu Lungiting Asmara dengan aksara Jawa


꧁ꦭꦸꦔꦶꦠ꧀ꦠꦶꦁꦲꦱ꧀ꦩꦫ ꧂
Lungiting Asmara

ꦱꦼꦥꦿꦺꦤꦺꦔ꧀ꦒꦺꦴꦤ꧀ꦏꦸꦔꦼꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦤꦶꦗꦚ꧀ꦗꦶ
Sêprèné gonku ngêntèni janji
ꦲꦶꦏꦶꦥꦿꦱꦼꦠꦾꦤꦺꦁꦲꦠꦶ
Iki prasêtya nèng ati
ꦏꦝꦸꦁꦠꦽꦱ꧀ꦤꦩꦿꦶꦁꦱ꧀ꦭꦶꦫꦩꦸꦝꦸꦃꦕꦃꦲꦪꦸ
Kadhung trêsna mring sliramu dhuh cah ayu
ꦫꦲꦺꦭꦶꦁꦢꦶꦤꦭꦤ꧀ꦮꦼꦏ꧀ꦠꦸ
Ra èling dina lan wêktu
ꦲꦶꦁꦲꦠꦶꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ꦫꦧꦶꦱꦲꦶꦭꦁ
Ing ati katon ra bisa ilang
ꦱꦪꦱꦸꦮꦺꦱꦪꦫꦏꦫꦸꦮꦤ꧀
Saya suwé saya ra karuan
ꦤꦢꦾꦤ꧀ꦩꦸꦁꦠꦤ꧀ꦱꦃꦲꦁꦒꦝꦁ
Nadyan mung tansah anggadhang
ꦲꦏꦸꦱꦩꦂꦪꦺꦤ꧀ꦱ꧀ꦭꦶꦫꦩꦸꦫꦏꦺꦭꦶꦁꦔꦤ꧀
Aku samar yèn sliramu ra kèlingan
ꦮꦺꦴꦁꦲꦪꦸꦠꦏ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦶꦲꦤ꧀ꦠꦶ
Wong ayu tak anti anti
ꦗꦥꦶꦗꦼꦂꦱꦼꦩꦪꦮꦲꦺ
Ja pinjêr sêmaya waè
ꦲꦏꦸꦠꦽꦱ꧀ꦤꦏꦫꦺꦴꦏꦺꦴꦮꦺ
Aku trêsna karo kowé
ꦠꦺꦒꦤꦺꦲꦠꦶꦩꦸꦱꦪꦒꦮꦺꦭꦫ
Tègané atimu saya gawé lara
ꦲꦶꦏꦸꦫꦥꦿꦪꦺꦴꦒ
Iku ra prayoga
ꦲꦏꦸꦲꦺꦴꦫꦧꦏꦭ꧀ꦩꦸꦤꦢꦸꦂ
Aku ora bakal mundur
ꦲꦏꦸꦲꦺꦴꦫꦧꦏꦭ꧀ꦩ꧀ꦭꦪꦸ
Aku ora bakal mlayu
ꦪꦺꦤ꧀ꦢꦸꦫꦸꦁꦚꦤ꧀ꦝꦶꦁꦱ꧀ꦭꦶꦫꦩꦸ
Yèn durung nyandhing sliramu
ꦲꦸꦏꦸꦂꦫꦤ꧀ꦤꦺꦠꦽꦱ꧀ꦤꦢꦸꦢꦸꦧꦤ꧀ꦝ
Ukurané trêsna dudu bandha
ꦤꦔꦶꦁꦭꦸꦔꦶꦠ꧀ꦠꦶꦁꦲꦱ꧀ꦩꦫ
Nanging lungiting asmara

Taman Jurug ꦠꦩꦤ꧀ꦗꦸꦫꦸꦒ꧀

No comments :

taman jurug
Lirik lagu Taman Jurug dengan aksara Jawa
꧁ ꦠꦩꦤ꧀ꦗꦸꦫꦸꦒ꧀ ꧂
Taman Jurug

ꦤꦶꦁꦏꦸꦛꦱꦭ꧈ ꦩꦸꦝꦭꦤ꧀ꦩꦸꦝꦶ
Ning kutha sala, mudha lan mudhi
ꦤꦶꦁꦠꦩꦤ꧀ꦗꦸꦫꦸꦒ꧀ꦤꦶꦁꦥꦶꦁꦒꦶꦂꦧꦼꦔꦮꦤ꧀ꦱꦭ
Ning taman jurug ning pinggir bêngawan Sala
ꦩꦸꦝꦭꦤ꧀ꦩꦸꦝꦶ꧈ ꦲꦮꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦮꦼꦔꦶ
Mudha lan mudhi, awan lan wêngi
ꦝꦱꦸꦏꦱꦸꦏꦤꦔꦶꦁꦲꦗꦔꦶꦏꦼꦠ꧀ꦗꦚ꧀ꦗꦶ
Dha suka suka nanging aja ngikêt janji
ꦕꦲꦾꦤꦶꦁꦧꦸꦭꦤ꧀ꦤꦿꦗꦁꦥꦸꦕꦸꦏ꧀ꦏꦶꦁꦕꦼꦩꦫ
Cahyaning bulan nrajang pucuking cêmara
ꦲꦔꦶꦤ꧀ꦏꦁꦠꦼꦏꦱꦗꦏ꧀ꦒꦮꦒꦼꦤ꧀ꦝꦶꦁꦠꦽꦱ꧀ꦤ
Angin kang têka sajak gawa gêndhing trêsna
ꦧꦚꦸꦧꦼꦔꦮꦤ꧀ꦱꦶꦤꦺꦴꦫꦺꦴꦠꦕꦲꦾꦤꦶꦁꦧꦸꦭꦤ꧀
Banyu bêngawan sinorot cahyaning bulan
ꦭꦶꦂꦱꦺꦮꦸꦢꦶꦪꦤ꧀ ꦲꦭꦺꦫꦥ꧀ꦒꦸꦒꦃꦏꦼꦤꦁꦔꦤ꧀
Lir sèwu dian, alèrap gugah kênangan
ꦔꦼꦂꦱꦏꦺꦤꦥ꧈ ꦩꦸꦁꦱꦂꦮꦲꦤ
Ngêrsaké napa, mung sarwa ana
ꦲꦶꦁꦠꦩꦤ꧀ꦗꦸꦫꦸꦒ꧀ ꦠꦩꦤ꧀ꦲꦺꦤ꧀ꦢꦃꦏꦸꦛꦱꦭ
Ing taman jurug, taman èndah kutha Sala
ꦥꦥꦤ꧀ꦏꦿꦺꦲꦱꦶ꧈ ꦩꦸꦝꦭꦤ꧀ꦩꦸꦝꦶ
Papan krèasi, mudha lan mudhi
ꦱꦶꦁꦠꦸꦮꦠꦸꦮꦮꦼꦭꦶꦁꦔꦺꦲꦗꦔꦤ꧀ꦠꦶꦭꦭꦶ
Sing tuwa tuwa wêlingé aja nganti lali.

Ngimpi ꦔꦶꦩ꧀ꦥꦶ

No comments :
ngimpi
Lirik lagu Ngimpi dengan aksara Jawa

꧁ ꦔꦶꦩ꧀ꦥꦶ ꧂
Ngimpi
ꦱꦿꦶꦥꦠ꧀ꦱꦿꦶꦥꦶꦠ꧀ ꦭꦩ꧀ꦧꦺꦲꦤ꧀ꦤꦺꦩꦿꦏ꧀ꦏꦼꦱꦶꦩ꧀ꦥꦶꦂ
Sripat sripit, lambèhané mrak kêsimpir
ꦒꦤ꧀ꦝꦼꦱ꧀ꦭꦸꦮꦼꦱ꧀ ꦮꦶꦫꦒꦤꦺꦲꦔ꧀ꦭꦩ꧀ꦭꦩ꧀ꦩꦶ
Gandhês luwês, wiragané anglamlami
ꦱꦶꦝꦼꦠ꧀ꦱꦶꦁꦱꦼꦠ꧀ ꦧꦼꦱꦸꦱ꧀ꦲꦁꦲꦶꦢꦶꦧꦸꦱꦤ
Sidhêt singsêt, bêsus angadi busana
ꦝꦱꦂꦲꦪꦸꦩꦏ꧀ꦱꦶꦃꦏꦼꦚꦠꦤ꧀ꦏꦸꦕꦶꦮ
Dhasar ayu maksih kênya tan kuciwa
ꦠꦏ꧀ꦕꦏꦼꦠ꧀ꦠꦶꦲꦝꦸꦃꦩꦺꦱꦼꦩ꧀ ꦱꦼꦥꦼꦠ꧀ꦩꦢꦸ
Tak cakêti adhuh mèsêm, sêpêt madu
ꦲꦺꦴꦫꦱꦿꦤ꧀ꦠ꧈ ꦠꦏ꧀ꦒꦤ꧀ꦝꦺꦁꦩꦭꦃꦒꦸꦩꦸꦪꦸ
ora sranta tak, gandhèng malah gumuyu
ꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ꦧꦸꦔꦃ꧈ ꦏꦼꦚꦏꦁꦥꦶꦤ꧀ꦝꦲꦥ꧀ꦱꦫꦶ
Katon bungah, kênya kang pindha hapsari
ꦏꦸꦕꦶꦮꦤꦺꦏꦧꦺꦃꦩꦲꦸꦲꦩꦸꦁꦔꦶꦩ꧀ꦥꦶ
kuciwané kabèh mau amung ngimpi꧉

Kasmaran ꦏꦱ꧀ꦩꦫꦤ꧀

No comments :
kasmaran
Lirik lagu Kasmaran dengan aksara Jawa


꧁ ꦏꦱ꧀ꦩꦫꦤ꧀ ꧂
Kasmaran

ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦉꦥ꧀ꦕꦿꦶꦠꦏꦫꦺꦴꦱꦥ
Yèn arêp crita karo sapa
ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦕꦿꦶꦠꦏꦺꦴꦏ꧀ꦠꦩ꧀ꦧꦃꦤꦼꦭꦁꦱ
yèn ora crita kok tambah nêlangsa
ꦲꦺꦴꦃꦱꦪꦱꦸꦮꦺꦏꦺꦴꦏ꧀ꦔꦺꦤꦺꦫꦱꦤꦺ
Oh saya suwé kok ngèné rasané
ꦱꦼꦢꦶꦤꦢꦶꦤꦏꦺꦴꦏ꧀ꦔꦠꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦮꦲꦺ
Sêdina dina kok ngatoni waé
ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦱꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦫꦏꦸꦮꦠ꧀
Yèn ora sambat wis ra kuat
ꦲꦉꦥ꧀ꦲꦚ꧀ꦗꦭꦸꦏ꧀ꦠꦸꦭꦸꦁ꧈ ꦧꦶꦔꦸꦁꦔ꧀ꦒꦺꦴꦤ꧀ꦏꦸꦤꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁ
Arêp njaluk tulung, bingung nggonku nêmbung
ꦠꦼꦏꦤ꧀ꦱꦸꦏ꧀ꦏꦥꦤ꧀ꦧꦶꦱꦩꦼꦤ꧀ꦢꦼꦩ꧀ꦲꦶꦏꦶ
Têkan suk kapan bisa mêndêm iki
ꦏꦱ꧀ꦩꦫꦤ꧀ꦏꦼꦚꦏꦁꦏꦼꦥꦠꦶꦥꦠꦶ
Kasmaran kênya kang kêpati pati
ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦠꦤ꧀ꦢꦸꦏ꧀ꦏꦺ
Tindak tanduké
ꦏꦊꦩ꧀ꦫꦢꦶꦒꦮꦺ
Kalêm ra digawé
ꦭꦫꦁꦲꦺꦱꦼꦩ꧀ꦩꦺꦒꦽꦒꦼꦠ꧀ꦠꦏꦺ
Larang èsêmé grêgêtaké
ꦪꦧꦺꦤ꧀ꦩꦸꦁꦔꦶꦩ꧀ꦥꦶꦲꦺꦴꦫꦥꦥ
Ya bèn mung ngimpi ora papa
ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦠꦶꦲꦶꦏꦶꦧꦶꦱꦢꦢꦶꦊꦒ
Yèn ati iki bisa dadi lêga
ꦝꦺꦮꦺꦏ꧀ꦏꦺꦠꦼꦏꦭꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦝꦪꦺꦤ꧀ꦠꦽꦱ꧀ꦤ
Dhèwèké têka lan kandha yèn trêsna
ꦥꦶꦪꦥꦶꦪꦺꦲꦏꦸꦥꦱꦿꦃꦭꦤ꧀ꦭꦶꦭ
piya piyé aku pasrah lan lila

Rêsèpsi ꦉꦱꦺꦥ꧀ꦱꦶ

No comments :
resepsi
Lirik lagu Resepsi dengan aksara Jawa

꧁ ꦉꦱꦺꦥ꧀ꦱꦶ ꧂
Rêsèpsi

ꦪꦺꦤ꧀ꦥꦶꦤꦸꦗꦸꦲꦔꦿꦮꦸꦃꦲꦶꦲꦶꦁꦩꦊꦩ꧀ꦉꦱꦺꦥ꧀ꦱꦶ
Yèn pinuju angrawuhi ing malêm rêsèpsi
ꦏꦏꦸꦁꦥꦸꦠꦿꦶꦔꦒꦼꦩ꧀ꦧꦸꦱꦤꦏꦁꦲꦺꦢꦶꦥꦺꦤꦶ
Kakung putri ngagêm busana kang èdi pèni
ꦥꦫꦥꦸꦠꦿꦶꦱꦩꦶꦊꦁꦒꦃꦗꦺꦗꦺꦂꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ꦫꦥꦶ
Para putri sami lênggah jèjèr katon rapi
ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦶꦤꦮꦁꦔꦤ꧀ꦠꦶꦏꦪꦏꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦱ꧀ꦮꦶꦢꦢꦫꦶ
Yèn sinawang nganti kaya kontès widadari
ꦥꦫꦥꦿꦶꦪꦊꦁꦒꦃꦲꦺꦫꦢꦲꦢꦺꦴꦃꦱꦏ꧀ꦮꦼꦠꦫ
Para priya lênggahé rada adoh sakwètara
ꦲꦸꦛꦏ꧀ꦲꦸꦛꦶꦏ꧀ꦭꦶꦫꦏ꧀ꦭꦶꦫꦶꦏ꧀
Uthak uthik larak lirik
ꦒꦸꦪꦒꦸꦪꦸ꧈ ꦩꦺꦱꦩ꧀ꦩꦺꦱꦼꦩ꧀
Guya guyu, mèsam mèsêm
ꦱꦗꦏ꧀ꦲꦉꦥ꧀ꦩꦸꦤ꧀ꦝꦸꦠ꧀ꦭꦒꦸ
Sajak arêp mundhut lagu
ꦱꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦶꦏꦸ
Sintên niku
ꦊꦁꦒꦃꦥꦺꦴꦗꦺꦴꦏ꧀ ꦝꦼꦭꦶꦏ꧀ꦲꦤꦧꦸꦫꦶ
Lênggah pojok dhêlik ana buri
ꦩꦺꦔꦩꦺꦔꦺꦴꦱꦗꦏ꧀ꦏꦺꦏꦺꦴꦏ꧀ꦲꦤꦱꦶꦁꦢꦶꦮꦼꦢꦺꦤ꧀ꦤꦶ꧈
Mènga mèngo sajaké kok ana sing diwêdèni


Aja Diplèroki ꦲꦗꦢꦶꦥ꧀ꦭꦺꦫꦺꦴꦏ꧀ꦏꦶ

No comments :
aja dipleroki
Lirik lagu Aja Dipleroki dengan aksara Jawa

꧁ ꦲꦗꦢꦶꦥ꧀ꦭꦺꦫꦺꦴꦏ꧀ꦏꦶ꧂
Aja diplèroki

ꦩꦢ꧀ ꦩꦢ꧀ ꦩꦢ꧀ ꦲꦗꦢꦶꦥ꧀ꦭꦺꦫꦺꦴꦏ꧀ꦏꦶ
Mas, mas, mas, aja diplèroki
ꦩꦱ꧀ ꦩꦱ꧀ ꦩꦱ꧀ ꦲꦗꦢꦶꦥꦺꦴꦪꦺꦴꦏ꧀ꦏꦶ
Mas, mas, mas, aja dipoyoki
ꦏꦉꦥ꧀ꦏꦸꦚ꧀ꦗꦭꦸꦏ꧀ꦢꦶꦲꦺꦱꦼꦩ꧀ꦩꦶ
Karêpku jaluk dièsêmi
ꦠꦶꦁꦏꦃꦭꦏꦸꦩꦸꦏꦸꦢꦸꦔꦽꦠꦶꦕꦫ
Tingkah lakumu kudu ngrêti cara
ꦲꦗꦢꦶꦠꦶꦁꦒꦭ꧀ꦏꦥꦿꦶꦧꦢꦺꦤ꧀ꦏꦼꦠꦶꦩꦶꦂꦫꦤ꧀
Aja ditinggal kapribadèn kêtimuran
ꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦒꦺꦏ꧀ꦏꦺꦫꦶꦲꦶꦁꦗꦩꦤ꧀
Mêngko gèk kèri ing jaman
ꦩ꧀ꦧꦺꦴꦏ꧀ꦪꦱꦶꦁꦲꦺꦭꦶꦁꦝꦺꦏ꧀
Mbok ya sing èling dhek
ꦲꦺꦭꦶꦁꦧꦧ꧀ꦲꦥꦩꦱ꧀
Èling bab apa mas
ꦲꦶꦏꦸꦧꦸꦢꦪ
Iku budaya
ꦥꦚ꧀ꦕꦺꦤ꧀ꦤꦺꦧꦼꦤꦼꦂꦏꦤ꧀ꦝꦩꦸ꧉
Pancèné bênêr kandhamu.

Aja Lamis ꦲꦗꦭꦩꦶꦱ꧀

No comments :
aja lamis
Lirik lagu Aja Lamis dengan aksara Jawa

꧁ ꦲꦗꦭꦩꦶꦱ꧀ ꧂
Aja Lamis
ꦲꦗꦱꦺꦴꦏ꧀ꦒꦩ꧀ꦥꦁꦗꦚ꧀ꦗꦶꦮꦺꦴꦁꦩꦤꦶꦱ꧀
Aja sok gampang janji wong manis
ꦪꦺꦤ꧀ꦠꦲꦩꦸꦁꦭꦩꦶꦱ꧀
yèn ta amung lamis
ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦲꦭꦸꦮꦸꦁꦥꦿꦱꦗꦤꦶꦩꦱ꧀
Bêcik aluwung prasaja nimas
ꦲꦺꦴꦫꦲꦒꦮꦺꦕꦸꦮ
 Ora agawé cuwa
ꦠꦤ꧀ꦱꦃꦔꦸꦒꦼꦩ꧀ꦩꦶꦠꦽꦱ꧀ꦤꦩꦸꦮꦶꦔꦶ
 Tansah ngugêmi trêsnamu wingi
ꦗꦼꦧꦸꦭ꧀ꦲꦩꦸꦁꦭꦩꦶꦱ꧀
 Jêbul amung lamis
ꦏꦪꦔꦼꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦤꦶꦛꦸꦏꦸꦭ꧀ꦭꦶꦁꦗꦩꦸꦂ
 Kaya ngêntèni thukuling jamur
ꦲꦶꦁꦩꦁꦱꦏꦼꦠꦶꦒ
Ing mangsa kêtiga

ꦲꦏꦸꦲꦶꦏꦶꦥꦿꦱꦱꦠ꧀
 Aku iki prasasat
ꦭꦫꦠꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀ꦗꦩ꧀ꦥꦶ
 Lara tan antuk jampi
ꦩ꧀ꦧꦺꦴꦏ꧀ꦲꦗꦲꦩꦸꦁꦭꦩꦶꦱ꧀
Mbok aja amung lamis
ꦏꦁꦲꦸꦮꦶꦱ꧀ꦢꦢꦶꦤꦺꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦢꦶꦢꦶꦱ꧀
Kang uwis dadiné banjur didis


ꦲꦏꦺꦃꦠꦸꦭꦝꦏꦁꦝꦼꦩꦼꦤ꧀ꦕꦶꦢꦿ
Akèh tuladha kang dhêmên cidra
ꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦥꦺꦉꦏꦱ
Uripé rêkasa
ꦩꦶꦭꦶꦃꦱꦮꦶꦗꦶꦲꦼꦤ꧀ꦢꦶꦏꦁꦱꦸꦕꦶ
Milih sawiji êndi kang suci
ꦠꦁꦒꦸꦁꦧꦶꦱꦩꦸꦏ꧀ꦠꦶ꧉
Tanggung bisa mukti.

Kêna Godha ꦏꦼꦤꦒꦺꦴꦝ

No comments :
kena godha
Lirik lagu kena godha dengan aksara Jawa

꧁ ꦏꦼꦤꦒꦺꦴꦝ ꧂
Kêna Godha

ꦤꦭꦶꦏꦤꦺꦝꦺꦏ꧀ꦗꦩꦤ꧀ꦱꦼꦩꦤ
Nalikané dhèk jaman sêmana
ꦠꦽꦱ꧀ꦤꦩꦸꦱꦼꦠꦾꦭꦤ꧀ꦠꦸꦲꦸ
Trêsnaku setya lan tuhu
ꦲꦤꦤꦺꦩꦸꦁꦠꦤ꧀ꦱꦃꦔꦊꦩ꧀ꦧꦤ
Anané mung tansah ngalêmbana
ꦗꦸꦗꦸꦂꦲꦺꦴꦫꦤꦠꦺꦕꦶꦢꦿ
Jujur ora naté cidra
ꦩꦸꦭꦲꦏꦸꦠꦤ꧀ꦱꦃꦲꦔꦶꦩ꧀ꦧꦁꦔꦶ
Mula aku tansah angimbangi
ꦠꦽꦱ꧀ꦤꦏꦸꦒꦶꦤꦮꦩꦠꦶ
Trêsnaku ginawa mati
ꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦭꦶꦤ꧀ꦠꦁꦏꦁꦱꦸꦩꦸꦤꦂ
Ora ana lintang kang sumunar
ꦲꦩꦸꦁꦢꦶꦏꦥꦼꦥꦸꦗꦤ꧀ꦏꦸ
Amung dika pêpujanku
ꦱ꧀ꦭꦶꦫꦩꦸꦥꦩꦶꦠ꧀ꦠꦸꦒꦱ꧀ꦔꦪꦃꦲꦶ
Sliramu pamit tugas ngayahi
ꦲꦩꦿꦶꦃꦲꦪꦸꦤꦺꦱꦼꦱꦩꦶ
Amrih rahayuné sêsami
ꦔ꧀ꦒꦺꦴꦤ꧀ꦏꦸꦩꦸꦗꦶꦩꦸꦁꦠꦤ꧀ꦱꦃꦧꦱꦸꦏꦶ
Nggonku muji mung tansah basuki
ꦱꦸꦏ꧀ꦏꦥꦤ꧀ꦲꦁꦒꦺꦴꦤ꧀ꦩꦸꦧꦭꦶ
Suk kapan anggonmu bali
ꦥꦼꦠꦼꦁꦝꦼꦝꦼꦠ꧀ꦫꦱꦤꦶꦁꦲꦠꦶꦏꦸ
Pêtêng dhêdhêt rasaning atiku
ꦧꦉꦁꦏꦼꦥꦿꦸꦔꦸꦏꦧꦂꦩꦸ
Barêng kèprungu kabarmu
ꦚꦠꦤꦺꦱꦶꦁꦏꦺꦴꦤ꧀ꦢꦸꦂꦩꦸꦁꦭꦪꦁꦩꦸ
Nyatané sing kondur mung layangmu
ꦲꦺꦴꦫꦔꦶꦫꦏꦼꦤꦒꦺꦴꦝ
Ora ngira kêna godha.

Prahu Layar ꦥꦿꦲꦸꦭꦪꦂ

No comments :
prahu layar
Lirik lagu Prahu Layar dengan aksara Jawa

꧁ ꦥꦿꦲꦸꦭꦪꦂ ꧂
Prahu Layar

ꦪꦺꦴꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦁꦒꦶꦱꦶꦏ꧀ꦒꦼꦩ꧀ꦧꦶꦫ
Yo kanca ning gisik gêmbira
ꦲꦭꦺꦫꦥ꧀ꦭꦺꦫꦥ꧀ꦧꦚꦸꦤꦺꦱꦼꦒꦫ
Alèrap lèrap banyuné sêgara
ꦲꦁꦭꦶꦪꦏ꧀ꦤꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦥꦿꦲꦸꦭꦪꦂ
Angliyak numpak prahu layar
ꦲꦶꦁꦢꦶꦤꦩꦶꦁꦒꦸꦏꦺꦃꦥꦫꦶꦮꦶꦱꦠ
Ing dina minggu kèh pariwisata
ꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦥꦿꦲꦸꦤꦺꦮꦶꦱ꧀ꦤꦼꦔꦃ
Alon prahuné wis nêngah
ꦧꦾꦏ꧀ꦧꦾꦸꦏ꧀ꦧꦾꦏ꧀ꦧꦚꦸꦥꦶꦤꦼꦭꦃ
Byak byuk byak banyu pinêlah
ꦲꦺꦴꦫꦗꦼꦩꦸꦗꦼꦩꦸ꧈ ꦏꦫꦺꦴꦩꦺꦱꦼꦩ꧀ꦒꦸꦪꦸ
Ora jêmu jêmu, karo mèsêm guyu
ꦔꦶꦭꦁꦔꦏꦺꦫꦱꦭꦸꦁꦏꦿꦃꦊꦱꦸ
Ngilangaké rasa lungkrah lêsu
ꦲꦝꦶꦏ꧀ꦲꦚ꧀ꦗꦮꦶꦭ꧀ꦩꦱ꧀ ꦗꦼꦧꦸꦭ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦱꦺꦴꦫꦺ
Adhik jawil mas, jêbul wis soré
ꦮꦶꦠꦶꦁꦏꦼꦭꦥꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ꦔꦮꦺꦲꦮꦺ
Witing kêlapa katon ngawé awé
ꦥꦿꦪꦺꦴꦒꦤꦺꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦧꦭꦶꦮꦲꦺ
Prayogané bêcik bali waé
ꦢꦺꦤꦺꦱꦺꦱꦸꦏ꧀ꦲꦺꦱꦸꦏ꧀ꦠꦸꦩꦤ꧀ꦢꦁꦚꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦒꦮꦺ
Dèné sèsuk èsuk tumandhang nyambut gawé

Gêthuk ꦒꦼꦛꦸꦏ꧀

No comments :
gethuk
Lirik lagu Gethuk dengan aksara Jawa

꧁ ꦒꦼꦛꦸꦏ꧀ ꧂
Gêthuk

ꦱꦺꦴꦫꦺꦱꦺꦴꦫꦺꦥꦝꦁꦧꦸꦭꦤ꧀
Soré soré padhang bulan
ꦲꦪꦺꦴꦏꦚ꧀ꦕꦥꦝꦢꦺꦴꦭꦤ꧀ꦤꦤ꧀
Ayo kanca padha dolanan
ꦫꦺꦤꦺꦫꦺꦤꦺꦧꦼꦧꦉꦁꦔꦤ꧀
Rèné rèné bêbarêngan
ꦫꦩꦺꦫꦩꦺꦲꦺ꧈ ꦝꦒꦼꦒꦺꦴꦗꦺꦒ꧀ꦒꦤ꧀
Ramé ramé é, dha gêgojègan
ꦏꦲꦺꦏꦲꦺꦉꦩ꧀ꦧꦸꦭꦤ꧀ꦤꦺ
Kaé kaé rêmbulané
ꦪꦺꦤ꧀ꦢꦶꦱꦮꦁꦏꦺꦴꦏ꧀ꦔꦮꦺꦲꦮꦺ
Yèn disawang kok ngawé awé
ꦏꦪꦏꦪꦔꦺꦭꦶꦁꦔꦏꦺ
Kaya kaya ngèlingaké
ꦏꦚ꧀ꦕꦏꦧꦺꦃꦲꦗꦠꦸꦫꦸꦱꦺꦴꦫꦺꦱꦺꦴꦫꦺ
Kanca kabèh aja turu soré soré


ꦒꦼꦛꦸꦏ꧀ꦲꦱꦭ꧀ꦭꦺꦱꦏꦠꦺꦭ
Gêthuk asalé saka tèla
ꦩꦠꦔꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀ꦲꦶꦏꦸꦠꦩ꧀ꦧꦤꦺꦲꦥ
Mata ngantuk iku tambané apa
ꦲꦺꦲꦭꦃꦒꦼꦛꦸꦏ꧀ꦲꦱꦭ꧀ꦏꦺꦱꦏꦠꦺꦭ
Èalah gêthuk asalé saka tèla
ꦪꦺꦤ꧀ꦫꦥꦼꦛꦸꦏ꧀ꦲꦠꦶꦤꦺꦫꦢꦒꦼꦭ
Yèn ra pêthuk atiné rada gêla
ꦲꦗꦔꦺꦴꦤꦺꦴꦩꦱ꧀ ꦲꦗꦲꦗꦔꦺꦴꦤꦺꦴ
Aja ngono mas, aja aja ngono
ꦏꦝꦸꦁꦗꦚ꧀ꦗꦶꦩꦱ꧀ ꦲꦏꦸꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦒꦼꦭ꧉
Kadhung janji mas, aku mêngko gêla

Ketaman Asmara ꦏꦼꦠꦩꦤ꧀ꦲꦱ꧀ꦩꦫ

No comments :
ketaman asmara
Lirik lagu ketaman asmara dengan aksara Jawa

꧁ꦏꦼꦠꦩꦤ꧀ꦲꦱ꧀ꦩꦫ꧂
Kêtaman Asmara

ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦮꦪꦃꦭꦶꦁꦱꦶꦂꦮꦼꦔꦶ
Sabên wayah lingsir wêngi
ꦩꦿꦶꦥꦠ꧀ꦲꦶꦏꦶꦲꦺꦴꦫꦧꦶꦱꦠꦸꦫꦸ
Mripat iki ora bisa turu
ꦠꦤ꧀ꦱꦃꦏꦺꦭꦶꦁꦔꦤ꧀ ꦱ꧀ꦭꦶꦫꦩꦸ
Tansah kèlingan sliramu
ꦮꦺꦴꦁꦧꦒꦸꦱ꧀ꦏꦁꦢꦢꦶꦥꦼꦥꦸꦗꦤ꧀ꦏꦸ
Wong bagus kang dadi pêpujanku
ꦧꦶꦔꦸꦁꦫꦱꦤꦺꦲꦠꦶꦏꦸ
Bingung rasané atiku
ꦲꦉꦥ꧀ꦱꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦤꦔꦶꦁꦏꦫꦺꦴꦱꦥ
Arêp sambat nanging karo sapa
ꦚꦠꦤꦺꦲꦺꦴꦫꦏꦸꦮꦮ
Nyatané ora kuwawa
ꦔꦿꦱꦏ꧀ꦏꦺꦲꦠꦶꦏꦸꦱꦤ꧀ꦱꦪꦤꦼꦭꦁꦱ
Ngrasaké atiku sansaya nêlangsa
ꦮꦶꦱ꧀ꦠꦏ꧀ꦭꦭꦶꦭꦭꦶ
Wis tak lali lali
ꦩꦭꦃꦱꦤ꧀ꦱꦪꦏꦺꦭꦶꦁꦔꦤ꧀
Malah sansaya kèlingan
ꦔꦤ꧀ꦠꦶꦠꦼꦏꦤꦺꦱꦸꦏ꧀ꦏꦥꦤ꧀
Nganti têkan bèsuk kapan
ꦔ꧀ꦒꦺꦴꦤ꧀ꦏꦸꦩꦼꦤ꧀ꦢꦼꦩ꧀ꦲꦺꦴꦫꦧꦶꦱꦠꦸꦫꦸ
Nggonku mêndêm ora bisa turu
ꦲꦥꦲꦶꦏꦶꦢꦶꦁꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦺ
apa iki sing jênêngé
ꦮꦺꦴꦁꦏꦁꦭꦒꦶꦏꦼꦠꦩꦤ꧀ꦲꦱ꧀ꦩꦫ
Wong kang lagi kêtaman asmara
ꦥꦿꦱꦱꦠ꧀ꦫꦧꦶꦱꦭꦭꦶ
Prasasat ra bisa lali
ꦲꦺꦱꦸꦏ꧀ꦲꦮꦤ꧀ꦮꦼꦔꦶ
Èsuk awan wêngi
ꦠꦤ꧀ꦱꦃꦲꦩ꧀ꦧꦺꦢꦲꦠꦶ
Tansah mbèda ati.

Kusumaning Ati ꦏꦸꦱꦸꦩꦤꦶꦁꦲꦠꦶ

No comments :
kusumaning ati
Lirik lagu kusumaning ati dengan aksara Jawa

꧁ ꦏꦸꦱꦸꦩꦤꦶꦁꦲꦠꦶ ꧂
Kusumaning Ati

ꦏꦸꦱꦸꦩꦤꦶꦁꦲꦠꦶ
Kusumaning ati
ꦝꦸꦃꦮꦺꦴꦁꦧꦒꦸꦱ꧀
Dhuh wong bagus
ꦱꦶꦁꦠꦏ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦶꦲꦤ꧀ꦠꦶ
Sing tak anti anti
ꦩꦸꦁꦠꦼꦏꦩꦸ꧈ ꦧꦶꦱꦒꦮꦺꦠꦼꦤ꧀ꦠꦽꦩ꧀ꦩꦶꦁꦲꦠꦶꦏꦸ
Mung têkamu, bisa gawé têntrêming atiku
ꦧꦶꦪꦺꦤ꧀ꦤꦠꦺꦗꦚ꧀ꦗꦶ
Biyèn naté janji
ꦠꦏ꧀ꦲꦸꦒꦼꦩ꧀ꦩꦶꦲꦺꦴꦫꦧꦏꦭ꧀ꦭꦭꦶ
Tak ugêmi ora bakal lali
ꦚ꧀ꦗꦸꦂꦏꦺꦭꦶꦁꦔꦤ꧀
Njur kèlingan
ꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦲꦠꦶꦱꦧꦼꦝꦃꦲꦺꦧꦸꦩꦶ
Jroning ati sabêdhahé bumi
ꦏꦝꦸꦁꦏꦪꦔꦺꦤꦺ
Kadhung kaya ngèné
ꦱꦲꦶꦏꦶꦥꦶꦪꦺꦏꦉꦥ꧀ꦥꦺ
Saiki piyé karêpé
ꦩꦭꦃꦩꦶꦫꦁꦔꦏꦺ
Malah mirangaké
ꦩꦤꦶꦱ꧀ꦥꦩ꧀ꦧꦸꦏꦤꦺ
Mnis pambukané
ꦏꦺꦴꦏ꧀ꦥꦲꦶꦠ꧀ꦠꦶꦧꦧꦸꦫꦶꦤꦺ
Kok pait tiba buriné
ꦥꦚ꧀ꦕꦺꦤ꧀ꦩꦁꦏꦼꦭ꧀ꦭꦏꦺ
Pancèn mangkêlaké
ꦲꦩꦸꦁꦥꦩꦸꦗꦶꦏꦸ
Amung pamujiku
ꦩꦸꦒꦩꦸꦒꦫꦲꦤꦫꦸꦧꦺꦢ
Muga muga ra ana rubèda
ꦱꦏ꧀ꦥꦸꦁꦏꦸꦂꦫꦺ
Sakpungkuré
ꦲꦁꦒꦺꦴꦤ꧀ꦩꦸꦭꦸꦔꦲꦺꦴꦫꦏꦤ꧀ꦝꦏꦤ꧀ꦝ꧉
Nggonmu lunga ora kandha kandha.

Layang Kangen ꦭꦪꦁꦏꦔꦼꦤ꧀

No comments :
layang kangen
Lirik lagu layang kangen aksara Jawa

꧁ ꦭꦪꦁꦏꦔꦼꦤ꧀ ꧂
Layang Kangên

ꦭꦪꦁꦩꦸꦠꦏ꧀ꦠꦩ꧀ꦥꦮꦶꦔꦶꦏꦸꦮꦶ
Layangmu tak tampa wingi kuwi

ꦮꦶꦱ꧀ꦠꦏ꧀ꦮꦕꦲꦥꦏꦉꦥ꧀ꦥꦶꦁꦲꦠꦶꦩꦸ
Wis tak waca apa karêping atimu
ꦠꦽꦚꦸꦃꦲꦠꦶꦲꦶꦏꦶ
Trênyuh ati iki
ꦩꦕꦠꦸꦭꦶꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦩꦸ
Maca tulisanmu
ꦫꦏꦿꦱꦤꦺꦠꦺꦱ꧀ꦲꦼꦭꦸꦃꦤꦺꦁꦥꦶꦥꦶꦏꦸ
Ra krasa nètès êluh nèng pipiku
ꦲꦸꦩ꧀ꦥꦩꦠꦔꦤ꧀ꦏꦸꦢꦢꦶꦱꦸꦮꦶꦮꦶ
Umpama tanganku dadi suwiwi
ꦲꦶꦏꦶꦲꦸꦒꦲꦏꦸꦩꦼꦱ꧀ꦛꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦧꦭꦶ
Iki uga aku mesthi ènggal bali
ꦤꦶꦁꦏꦼꦥꦶꦪꦺꦩꦤꦺꦃ
Ning kêpiyé manèh
ꦩꦂꦒꦏꦲꦤꦤ꧀ꦏꦸ
Marga kahananku
ꦮꦺꦴꦁꦧꦒꦸꦱ꧀ꦲꦼꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦤꦤꦠꦼꦏꦏꦸ
Wong bagus êntènana têkaku
ꦫꦩꦲꦶꦢꦺꦴꦱꦥꦮꦺꦴꦁꦱꦶꦁꦲꦺꦴꦫꦏꦔꦼꦤ꧀
Ra maido sapa wong sing ora kangên
ꦲꦢꦺꦴꦃꦧꦺꦴꦗꦺꦴꦥꦺꦔꦶꦤ꧀ꦠꦸꦫꦸꦲꦔꦺꦭ꧀ꦩꦼꦉꦩ꧀
Adoh bojo pèngin turu angèl mêrêm
ꦫꦩꦲꦶꦢꦺꦴꦱꦥꦮꦺꦴꦁꦱꦶꦁꦲꦺꦴꦠꦽꦚꦸꦃ
Ra maido sapa wong sing ora tênyuh
ꦫꦏꦼꦥꦼꦛꦸꦏ꧀ꦱꦮꦼꦠꦫꦥꦺꦔꦶꦤ꧀ꦮꦼꦫꦸꦃ
Ra kêpethuk sawêtara pèngin wêruh
ꦥꦼꦂꦕꦪꦲꦏꦸꦏꦸꦮꦠ꧀ꦤꦲꦠꦶꦩꦸ
Pêrcaya aku kuwatna atiku
ꦮꦺꦴꦁꦧꦒꦸꦱ꧀ꦲꦼꦤꦠꦺꦤ꧀ꦤꦤꦠꦼꦏꦏꦸ꧈
Wong bagus êntènana têkaku.

Mawar Biru ꦩꦮꦂꦧꦶꦫꦸ

No comments :
mawar biru
Lirik lagu mawar biru dengan aksara jawa

꧁ ꦩꦮꦂꦧꦶꦫꦸ ꧂
Mawar Biru

ꦠꦸꦩꦺꦠꦺꦱ꧀ꦱꦶꦁꦮꦱ꧀ꦥꦏꦸ
Tumètèsing waspaku
ꦲꦺꦴꦫꦠꦺꦒꦫꦱꦤꦶꦁꦲꦠꦶꦏꦸ
Ora tèga rasaning atiku
ꦤꦶꦁꦒꦭ꧀ꦭꦏꦺ꧈ ꦱ꧀ꦭꦶꦫꦩꦸꦥꦿꦶꦪꦲꦶꦝꦩꦤ꧀ꦏꦸ
Ninggalaké, sliramu priya idhamanku
ꦠꦤ꧀ꦱꦃꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦺꦱꦼꦩ꧀ꦩꦸ
Tansah katon èsêmmu
ꦔꦮꦺꦲꦮꦺꦫꦱꦤꦶꦁꦲꦠꦶꦏꦸ
Ngawè awè rasaning atiku
ꦔꦺꦭꦶꦁꦔꦏꦺ꧈ ꦤꦭꦶꦏꦧꦉꦁꦩ꧀ꦭꦏꦸꦩ꧀ꦭꦏꦸ
Ngèlingaké, nalika barêng mlaku mlaku


ꦲꦺꦴꦫꦚꦤꦲꦺꦴꦫꦔꦶꦫ
Ora nyana ora ngira
ꦪꦺꦤ꧀ꦔꦺꦤꦺꦢꦢꦶꦤꦺ
Yèn ngènè dadiné
ꦲꦏꦸꦏꦸꦢꦸꦩꦺꦭꦸ
Aku kudu mèlu
ꦤ꧀ꦢꦺꦫꦺꦏ꧀ꦏꦏꦺ
Ndèrekaké
ꦫꦩꦭꦤ꧀ꦲꦶꦧꦸꦏꦸ
Rama lan ibuku
ꦩꦸꦭꦶꦃꦤꦶꦁꦢꦺꦱꦏꦸ
Mulih ning dèsaku
ꦮꦼꦏꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦩꦸꦁꦮꦼꦭꦶꦁꦏꦸ
Wêkasan mung wêlingku
ꦲꦏꦸꦠꦶꦠꦶꦥ꧀ꦏꦼꦩ꧀ꦧꦁꦩꦮꦂꦧꦶꦫꦸ
Aku titip kêmbang mawar biru
ꦲꦺꦴꦥꦺꦤ꧀ꦤꦤꦩꦶꦤꦁꦏꦠꦤ꧀ꦝꦏꦠꦽꦱ꧀ꦤꦤ꧀ꦏꦸ꧉

Opènana minangka tandha katrêsnanku.

Lingsir Wêngi ꦭꦶꦁꦱꦶꦂꦮꦼꦔꦶ

No comments :
꧁ ꦭꦶꦁꦱꦶꦂꦮꦼꦔꦶ ꧂

ꦭꦶꦁꦱꦶꦂꦮꦼꦔꦶ
Lingsir Wêngi

ꦭꦶꦁꦱꦶꦂꦮꦼꦔꦶꦱꦼꦥꦶꦢꦸꦫꦸꦁꦧꦶꦱꦤꦺꦤ꧀ꦢꦿ
Lingsir wêngi sêpi durung bisa nèndra
ꦏꦒꦺꦴꦝꦩꦿꦶꦁꦮꦼꦮꦪꦁ
Kagodha mring wêwayang
ꦏꦁꦔꦽꦫꦶꦝꦸꦲꦠꦶ
Kang ngrêridhu ati
ꦏꦮꦶꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦺꦩꦸꦁꦱꦼꦩ꧀ꦧꦿꦤ
Kawitané mung sêmbrana
ꦚ꧀ꦗꦸꦂꦏꦸꦭꦶꦤ
Njur kulina
ꦫꦔꦶꦫ꧈
Ra ngira
ꦪꦺꦤ꧀ꦧꦏꦭ꧀ꦤꦸꦮꦸꦃꦏꦺꦠꦽꦱ꧀ꦤ
Yèn bakal nuwuhké trêsna
ꦤꦔꦶꦁꦝꦸꦃꦠꦶꦧꦤꦺ
Nanging dhuh tibané
ꦲꦏꦸꦝꦺꦮꦺꦏꦁꦤꦼꦩꦃꦲꦶ
Aku dhéwé kang nêmahi
ꦤꦤ꧀ꦢꦁꦧꦿꦤ꧀ꦠ
Nandang branta
ꦏꦝꦸꦁꦭꦫ
Kadhung lara
ꦱꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦱꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦱꦥ
Sambat sambat sapa
ꦫꦶꦤꦮꦼꦔꦶ
Rina wêngi
ꦱꦶꦁꦠꦏ꧀ꦥꦸꦗꦶꦲꦗꦭꦭꦶ
Sing tak puji aja lali
ꦗꦚ꧀ꦗꦶꦤꦺ꧈ ꦩꦸꦒꦧꦶꦱꦠꦏ꧀ꦲꦸꦒꦼꦩ꧀ꦩꦶ
Janjiné, muga bisa tak ugêmi
= || =

Lirik lagu Lingsir wengi dengan aksara jawa (hanacaraka)

Nyidham Sari ꦚꦶꦝꦩ꧀ꦱꦫꦶ

No comments :
gbr
꧁ ꦚꦶꦝꦩ꧀ꦱꦫꦶ ꧂

ꦲꦸꦥꦩꦱ꧀ꦭꦶꦫꦩꦸꦱꦼꦏꦂꦩꦼꦭꦠꦶ
Upama sliramu sêkar mêlati
ꦲꦏꦸꦏꦸꦩ꧀ꦧꦁꦚꦶꦝꦩ꧀ꦱꦫꦶ
Aku kumbang nyidham sari
ꦲꦸꦥꦩꦱ꧀ꦭꦶꦫꦩꦸꦩꦂꦒꦶꦮꦺꦴꦁꦩꦶꦱ꧀
Upama sliramu margi wong manis,
ꦲꦏꦸꦱꦶꦁꦧꦏꦭ꧀ ꦔ꧀ꦭꦶꦮꦠ꧀ꦠꦶ
Aku sing bakal ngliwati
ꦱꦶꦤꦼꦏ꧀ꦱꦺꦤ꧀ꦭꦶꦤꦠꦁꦔꦺꦭꦸꦏꦸꦱꦼꦩꦤ
Sinêksèn  lintangé luku sêmana
ꦗꦚ꧀ꦗꦶꦥꦿꦱꦼꦠꦾꦤꦶꦁꦲꦠꦶ
Janji prasetyaning ati
ꦠꦤ꧀ꦱꦃꦏꦸꦩꦤ꧀ꦛꦶꦭ꧀ꦲꦶꦁꦤꦺꦠꦿꦫꦶꦤꦱ
Tansah kumanthil ing netra rinasa
ꦏꦼꦫꦱꦫꦫꦱ꧀ꦱꦶꦁꦢꦿꦶꦪ
Kêrasa rarasing ndriya
ꦩꦶꦢꦼꦂꦫꦱꦏ꧀ꦗꦒꦢ꧀ꦫꦪ
Midêra sak jagad raya
ꦏꦭꦶꦁꦔꦤꦮꦸꦏꦶꦂꦭꦤ꧀ꦱꦩꦺꦴꦢꦿ
Kalingana wukir lan samodra
ꦤꦺꦴꦫꦲꦶꦭꦁꦩꦼꦩꦤꦶꦱ꧀ꦱꦺ꧈ ꦲꦝꦸꦃ
Nora ilang mêmanisé, adhuh
ꦢꦢꦶꦲꦠꦶꦱꦼꦭꦮꦱ꧀ꦱꦺ
Dadi ati sêlawasé
ꦤꦭꦶꦏꦤꦶꦫꦲꦶꦁꦮꦼꦔꦶ꧈ ꦲꦠꦶꦏꦸ
Nalika nira ing wêngi, atiku
ꦭꦩ꧀ꦭꦩ꧀ꦩꦼꦤ꧀ꦱꦶꦫꦸꦥꦲꦪꦸ
Lam lamên si rupa hayu
ꦔꦤ꧀ꦠꦶꦩꦠꦶꦤꦺꦴꦫꦧꦏꦭ꧀ꦭꦭꦶ
Nganti mati nora bakal lali
ꦭꦏꦲꦺꦭꦶꦤ꧀ꦠꦁꦔꦺꦩ꧀ꦭꦏꦸ
Lha kaé lintangé mlaku

Lirik lagu Nyidam sari dengan aksara jawa (hanacaraka)

Yen Ing Tawang ꦪꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦮꦁ

No comments :

꧁ ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦁ ꦪꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦮꦁ ꧂
têmbang : Yèn Ing Tawang
ꦕꦶꦥ꧀ꦠꦄꦤ꧀ ꦄꦚꦗꦂꦄꦤꦶ
Ciptaan : Anjar Any
ꦥꦼꦚꦚꦶ ꦮꦭ꧀ꦗꦶꦤꦃ
Pênyanyi : Waljinah

ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦮꦁꦲꦤꦭꦶꦤ꧀ꦠꦁ꧈ ꦕꦃꦲꦪꦸ
Yèn ing tawang ana lintang, cah ayu
ꦲꦏꦸꦔꦼꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦤꦶꦠꦼꦏꦩꦸ
Aku ngêntèni têkamu
ꦩꦫꦁꦩꦺꦒꦲꦶꦁꦲꦏꦱ꧈ ꦤꦶꦩꦱ꧀
Marang mèga ing akasa, nimas
ꦱꦸꦤ꧀ꦠꦏꦺꦴꦏ꧀ꦏꦺꦥꦮꦂꦠꦩꦸ
Sun takokké pawartamu

ꦗꦚ꧀ꦗꦶꦗꦚ꧀ꦗꦶꦲꦏꦸꦲꦺꦭꦶꦁꦕꦃꦲꦪꦸ
Janji Janji aku éling cah ayu
ꦱꦸꦩꦼꦝꦺꦴꦠ꧀ꦫꦱꦤꦶꦁꦲꦠꦶ
Sumêdhot rasaning ati
ꦭꦶꦤ꧀ꦠꦁꦭꦶꦤ꧀ꦠꦁꦔꦶꦮꦶꦲꦶꦮꦶ꧈ ꦤꦶꦩꦱ꧀
Lintang lintang ngiwi iwi, nimas
ꦠꦽꦱ꧀ꦤꦏꦸꦱꦸꦤ꧀ꦝꦸꦭ꧀ꦮꦶꦪꦠꦶ
Trêsnaku sundhul wiyati
ꦝꦺꦏ꧀ꦱꦼꦩꦤꦗꦚ꧀ꦗꦶꦏꦸꦢꦶꦱꦺꦏ꧀ꦱꦺꦤ꧀ꦤꦶ
Dhèk sêmana janjiku disêksèni
ꦩꦺꦒꦏꦂꦠꦶꦏ ꦏꦲꦶꦫꦶꦁꦫꦱꦠꦽꦱ꧀ꦤꦲꦱꦶꦃ
Mèga kartika kairing rasa trêsna asih
ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦮꦁꦲꦤꦭꦶꦤ꧀ꦠꦁ꧈ ꦕꦃꦩꦤꦶꦱ꧀
Yèn ing tawang ana lintang, cah manis
ꦫꦸꦔꦺꦴꦏ꧀ꦤꦠꦔꦶꦱ꧀ꦱꦶꦁꦲꦠꦶ
Rungokna tangising ati
ꦧꦶꦤꦫꦸꦤꦒ ꦱ꧀ꦮꦫꦤꦶꦁꦫꦠꦿꦶ꧈ ꦤꦶꦩꦱ꧀
Binarung swaraning ratri, nimas
ꦔꦼꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦤꦶꦧꦸꦭꦤ꧀ꦢꦢꦫꦶ
Ngêntèni bulan dadari

Lirik lagu Yen ing tawang dengan aksara jawa (hanacaraka)