Taman Jurug ꦠꦩꦤ꧀ꦗꦸꦫꦸꦒ꧀


taman jurug
Lirik lagu Taman Jurug dengan aksara Jawa
꧁ ꦠꦩꦤ꧀ꦗꦸꦫꦸꦒ꧀ ꧂
Taman Jurug

ꦤꦶꦁꦏꦸꦛꦱꦭ꧈ ꦩꦸꦝꦭꦤ꧀ꦩꦸꦝꦶ
Ning kutha sala, mudha lan mudhi
ꦤꦶꦁꦠꦩꦤ꧀ꦗꦸꦫꦸꦒ꧀ꦤꦶꦁꦥꦶꦁꦒꦶꦂꦧꦼꦔꦮꦤ꧀ꦱꦭ
Ning taman jurug ning pinggir bêngawan Sala
ꦩꦸꦝꦭꦤ꧀ꦩꦸꦝꦶ꧈ ꦲꦮꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦮꦼꦔꦶ
Mudha lan mudhi, awan lan wêngi
ꦝꦱꦸꦏꦱꦸꦏꦤꦔꦶꦁꦲꦗꦔꦶꦏꦼꦠ꧀ꦗꦚ꧀ꦗꦶ
Dha suka suka nanging aja ngikêt janji
ꦕꦲꦾꦤꦶꦁꦧꦸꦭꦤ꧀ꦤꦿꦗꦁꦥꦸꦕꦸꦏ꧀ꦏꦶꦁꦕꦼꦩꦫ
Cahyaning bulan nrajang pucuking cêmara
ꦲꦔꦶꦤ꧀ꦏꦁꦠꦼꦏꦱꦗꦏ꧀ꦒꦮꦒꦼꦤ꧀ꦝꦶꦁꦠꦽꦱ꧀ꦤ
Angin kang têka sajak gawa gêndhing trêsna
ꦧꦚꦸꦧꦼꦔꦮꦤ꧀ꦱꦶꦤꦺꦴꦫꦺꦴꦠꦕꦲꦾꦤꦶꦁꦧꦸꦭꦤ꧀
Banyu bêngawan sinorot cahyaning bulan
ꦭꦶꦂꦱꦺꦮꦸꦢꦶꦪꦤ꧀ ꦲꦭꦺꦫꦥ꧀ꦒꦸꦒꦃꦏꦼꦤꦁꦔꦤ꧀
Lir sèwu dian, alèrap gugah kênangan
ꦔꦼꦂꦱꦏꦺꦤꦥ꧈ ꦩꦸꦁꦱꦂꦮꦲꦤ
Ngêrsaké napa, mung sarwa ana
ꦲꦶꦁꦠꦩꦤ꧀ꦗꦸꦫꦸꦒ꧀ ꦠꦩꦤ꧀ꦲꦺꦤ꧀ꦢꦃꦏꦸꦛꦱꦭ
Ing taman jurug, taman èndah kutha Sala
ꦥꦥꦤ꧀ꦏꦿꦺꦲꦱꦶ꧈ ꦩꦸꦝꦭꦤ꧀ꦩꦸꦝꦶ
Papan krèasi, mudha lan mudhi
ꦱꦶꦁꦠꦸꦮꦠꦸꦮꦮꦼꦭꦶꦁꦔꦺꦲꦗꦔꦤ꧀ꦠꦶꦭꦭꦶ
Sing tuwa tuwa wêlingé aja nganti lali.

0 comments :

Post a Comment