Ladrang Sekar Ngenguwung - Lirik Aksara Jawa

Ladrang Sekar Ngenguwung
(laras sléndro pathet sanga)

# Bawa Dhandhanggula
ꦝꦼꦝꦼꦥ꧀ꦠꦶꦝꦼꦩ꧀ꦥꦿꦧꦮꦤꦶꦁꦫꦠꦿꦶ
Dhedhep tidhem prabawaning ratri
ꦱꦱꦢꦫꦮꦸꦱ꧀ꦩꦚ꧀ꦗꦼꦂꦏꦮꦸꦂꦪꦤ꧀
Sasadara wus manjer kawuryan
ꦠꦤ꧀ꦏꦸꦕꦶꦮꦩꦼꦩꦤꦶꦱ꧀ꦱꦺ
Tan kuciwa memanisé
ꦩꦼꦁꦒꦼꦥ꧀ꦱꦿꦶꦤꦠꦺꦁꦢꦭꦸ
Menggep srinatèng dalu
ꦱꦶꦤꦶꦮꦏꦱꦁꦒꦾꦥꦿꦢꦱꦶꦃ
Siniwaka sanggya pra dasih
ꦲꦒ꧀ꦭꦂꦤꦺꦁꦕꦏꦿꦮꦭ
Aglar nèng cakrawala
ꦮꦤꦸꦭꦠ꧀ꦔꦼꦭꦔꦸꦠ꧀
Winulat ngelangut
ꦥꦿꦤ꧀ꦢꦺꦤꦺꦥꦏ꧀ꦱꦏꦺꦧꦼꦏꦤ꧀
Prandéné paksa kèbekan
ꦱꦏꦶꦁꦏꦺꦃꦲꦶꦁꦠꦫꦁꦒꦤꦏꦁꦱꦸꦩꦶꦮꦶ
Saking kèhing taranggana kang sumiwi
ꦮꦫꦠꦠꦤ꧀ꦥꦱꦼꦭ
Warata tanpa sela
*
ꦮꦚ꧀ꦕꦶꦒꦒꦠ꧀ꦲꦺꦚ꧀ꦗꦁꦱꦼꦏꦂꦫꦺꦔꦼꦔꦸꦮꦸꦁ
Wanci gagat ènjang sekaré ngenguwung
 ꦥꦼꦏ꧀ꦱꦶꦥꦼꦏ꧀ꦱꦶꦲꦤꦼꦩ꧀ꦧꦿꦩꦲꦫꦸꦩ꧀
Peksi peksi anembrama arum
ꦩꦶꦧꦼꦂꦲꦔꦶꦢꦼꦂꦫꦶꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦠꦩꦤ꧀ꦱꦫꦶ
Miber angideri jroning taman sari
ꦭꦃꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦏꦺꦝꦸꦃꦲꦺꦤ꧀ꦢꦃꦲꦺ
Lah beciké dhuh èndahé
ꦏꦶꦢꦸꦁꦔꦺꦥꦿꦱꦶꦱ꧀ꦮꦧꦁꦏꦶꦠ꧀
Kidungé pra siswa bangkit
ꦤꦂꦧꦸꦏꦤꦶꦁꦔꦶꦁꦕꦶꦥ꧀ꦠ
Narbuka ninging cipta
ꦱꦧ꧀ꦢꦲꦫꦸꦩ꧀ꦠꦸꦩꦸꦭꦶꦏꦮꦶꦗꦶꦭ꧀
Sabda arum tumuli kawijil
#
ꦠꦺꦗꦠꦶꦂꦠꦲꦠ꧀ꦩꦗꦤꦠꦫꦃꦮꦤ
Tèja tirta atmaja nata Rahwana
ꦏꦼꦏꦸꦮꦸꦁꦔꦺꦏꦂꦪꦫꦸꦗꦶꦠ꧀ꦠꦶꦁꦮꦂꦢꦪ
Kekuwungé karya rujiting wardaya
**
ꦱꦗꦸꦒꦱꦼꦏꦂꦔꦼꦔꦸꦮꦸꦁ
Sajuga sekar ngenguwung
ꦱꦿꦶꦏꦮꦸꦂꦪꦤ꧀ꦠꦩꦤ꧀ꦱꦫꦶ
Srikawuryan taman sari
ꦒꦤ꧀ꦢꦚꦲꦫꦸꦩ꧀ꦩꦁꦔꦩ꧀ꦧꦂ
Gandanya arum mangambar
ꦏꦺꦃꦱꦼꦏꦂꦢꦠꦤ꧀ꦥꦠꦤ꧀ꦝꦶꦁ
Kèh sekar datanpa tandhing
ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦭ꧀ꦩꦼꦭꦛꦶꦕꦼꦥꦏ
Kanthil melathi cepaka
ꦥꦿꦱꦱꦠ꧀ꦱꦶꦂꦤꦏꦁꦮꦔꦶ
Prasasat sirna kang wangi
#
ꦠꦺꦗꦠꦶꦂꦠꦲꦠ꧀ꦩꦗꦤꦠꦫꦃꦮꦤ
Tèja tirta atmaja nata Rahwana
ꦏꦼꦏꦸꦮꦸꦁꦔꦺꦏꦂꦪꦫꦸꦗꦶꦠ꧀ꦠꦶꦁꦮꦂꦢꦪ
Kekuwungé karya rujiting wardaya
**
ꦱꦁꦧꦿꦃꦩꦤꦲꦚꦧ꧀ꦢꦫꦸꦩ꧀
Sang Brahmana anyabdarum
ꦏꦺꦃꦕꦤ꧀ꦠꦿꦶꦏ꧀ꦮꦮꦱꦼꦤ꧀ꦤꦸꦭꦶ
Kèh cantrik wawasen nuli
ꦲꦼꦤ꧀ꦢꦶꦏꦁꦥꦠꦸꦠ꧀ꦏꦶꦤꦂꦪ
Endi kang patut kinarya
ꦱꦁꦱꦁꦔꦤ꧀ꦩꦶꦮꦃꦱꦼꦱꦸꦩ꧀ꦥꦶꦁ
Sangsangan miwah sesumping
ꦲꦸꦥꦩꦏꦁꦒꦺꦴꦗꦼꦗꦩꦁ
Upama kanggo jejamang
ꦤꦺꦴꦫꦭꦪꦸꦠꦤ꧀ꦧꦺꦴꦱꦼꦤ꧀ꦤꦶ
Nora layu tan boseni
#
ꦗꦂꦮꦱꦸꦂꦪꦱꦸꦂꦪꦭꦸꦩꦼꦧꦺꦁꦲꦚ꧀ꦕꦭ
Jarwa surya surya lumebèng ancala
ꦱꦽꦔꦶꦁꦏꦂꦱꦩꦸꦁꦤꦢꦾꦤ꧀ꦚꦸꦩꦸꦫꦸꦥ꧀ꦥꦤ
Srenging karsa mung nadyan nyumurupana
**
ꦏꦶꦕꦤ꧀ꦠꦿꦶꦏ꧀ꦲꦸꦩꦠꦸꦂꦒꦸꦥꦸꦃ
Ki Cantrik umatur gupuh
ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦏꦭꦶꦭꦤ꧀ꦩꦶꦭꦶꦃ
Yèn hamba kalilan milih
ꦱꦢꦪꦩꦸꦁꦱꦼꦏꦂꦭꦶꦩꦿꦃ
Sadaya mung sekar limrah
ꦢꦠꦤ꧀ꦧꦁꦏꦶꦠ꧀ꦲꦤꦤ꧀ꦢꦸꦏ꧀ꦏꦶ
Datan bangkit ananduki
ꦥꦿꦤꦏꦁꦤ꧀ꦢꦮꦼꦒ꧀ꦲꦸꦱꦢ
prana kang ndaweg usada
ꦒꦩ꧀ꦥꦁꦭꦪꦸꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦲꦏꦶꦁ
Gampang layu ènggal aking
#
ꦲꦶꦫꦶꦁꦩꦸꦏꦮꦠꦁꦮꦢꦸꦁꦮꦶꦤꦸꦂꦱꦶꦠ
iring muka watang wadung winursita
ꦱꦸꦤ꧀ꦥꦼꦥꦶꦤ꧀ꦠꦲꦗꦮꦁꦏꦭ꧀ꦩꦫꦁꦥꦿꦶꦪ
sun pepinta aja wangkal marang priya
****
ꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦼꦏꦂꦔꦼꦔꦸꦮꦸꦁ
Punika sekar ngenguwung
ꦥꦤꦁꦒꦥ꧀ꦥꦶꦁꦠꦩꦤ꧀ꦱꦫꦶ
Pananggaping taman sari
ꦭꦶꦂꦥꦿꦕꦶꦃꦤꦱꦼꦱꦪꦸꦏ꧀ꦏꦤ
Lir pracihna  sesayukan
ꦲꦚꦚꦤ꧀ꦝꦸꦁꦏꦸꦮꦶꦫꦸꦒꦶ
Anyanyandhung kuwi rugi
ꦲꦶꦁꦥꦿꦶꦪꦏꦁꦏꦸꦢꦁꦉꦩꦼꦤ꧀
Ing priya kang kudang remen
ꦏꦁꦭꦁꦏꦸꦁꦚꦸꦤ꧀ꦝꦸꦭ꧀ꦮꦶꦪꦠꦶ
Kang langkung nyundul wiyati

Undhuh file Ladrang Sekar Ngenguwung pdf

Lihat video Youtube Ladrang Sekar Ngenguwung

0 comments :

Post a Comment